Minggu, 18 November 2012

Drama Bahasa Jawa ANDHE-ANDHE LUMUT


Mbok Menah   : “Para pamiarsa, jenengku Mbok Menah. Aku iki, simboke para klenting lho. Perlu sedulur-sedulur ngerteni manawa aku iki seneng banget duwe anak sing ayu-ayu, pinter-pinter, sehat-sehat, manut pisan marang wong tuwa. Pokoke ora ana sing bisa ngluwihi dheweke ing desa iki. Wis akeh lho, para nom-noman sing nglamar anak-anakku. Eh, uwis ya pamiarsa, aku arep masak dhisik. Amarga, anak-anakku durung sarapan.”
K. Abang        : ”Assalamu’alaikum.... para pamiarsa, tepangaken kita sedaya punika para klenting, putranipun Mbok Menah. Nami kula Klenting Abang. Kula punika putranipun Mbok Menah ingkang pambarep lho.”
K. Ijo             : ”Nami kula, Klenting Ijo. Adhikipun Klenting abang.”
K. Abang        : ”Para pamiarsa, kula sedaya punika tresna sanget dhateeng simbok kula. Amargi, simbok kula maringi kaleluasan dhateng kita sedaya. Punika ateges, simbok kula percados dhateng kita sedaya. Bener kan adhiku?”
K. Ijo             : ”Leres sanget pamiarsa. Kita sedaya kan taksih enom, kedah manfaataken saksaenipun. Gesang punika namung sepindah. Sampun ngantus sia-sia.”
K. Abang        : ”Eh adhiku! Uwis ayo melbu, awake dhewe kan kudu ngewangi simbok masak. Ayo!”

Adegan I

K. Kuning        : ”Assalamu’alaikum...kulanuwn...kulanuwun...”
K. Abang        : ”Heh ana apa? Awakmu arep nggoleki sapa?”
K. Kuning        : ”Kula...kula punika  tiyang ingkang mbboten gadhah griya kaliyan bapa biyung. Kula kepingin dipundadosaken sederek dhateng mriki.”
K. Ijo             : ”Apa? Arep dadi sadulurku? Arep numpang neng kene ngono? Sory ya, uwis ora ana enggon neng kene!”
K. Kuning        : ”Please...kula purun dipunutus punapakemawon...”
K. Abang        : ”Plas plis plas plis! Omonge ae aneh-aneh! Wis ngaliha kana! Ora level!”

Mbok Menah   : ”Lho, sapa iki? Ayu tenan ta kowe nduk...”
K. Kuning        : ”Mbok, kula punika mboten gadhah griya kaliyan bapa biyung. Kula urip piyambakan. Dados kula nyuwun tulung mbok, kula kepingin dados sederek dhateng mriki, please...”
Mbok Menah   : ”Plis? Plis iku apa ta nduk?”
K. Abang        : ”Alah mbok...mboten wonten paedhahe ngladosi lare punika!
Mbok Menah   : ”Uwis-uwis! Simbok tambah bingung iki. Nduk, cah ayu... simbok olehi kowe  dadi kaluwargane kene. Nanging kowe kudu ngewangi neng kene ya!”
K. Kuning        : ”Wah, matur nuwun...matur nuwun mbok, matur nuwun sanget.”
Mbok Menah   : ”Iya....iya. eh, jenengmu sapa nduk?”
K. Kuning        : ”Kula mboten ngertos mbok.”
Mbok Menah   : ”Yo wis. Sarehne klambimu kuning-kuning, awakmu tak wenehi jeneng Klenting Kuning yo.”
K. Kuning        : ”Inggih mbok.”
Mbok Menah   : ”Nah, saiki awakmu bisa awor karo dulur-dulurmu.”
K. Kuning        : ”Inggih mbok, matur nuwun.”

Adegan II

K. Kuning        : ”Para pamiarsa, kula remen sanget. Amargi, sakpunika kula sampun gadhah griya. Nanging sederek-sederek kula punika mboten saged njagi karesikan omah, alias koproh. Senaosa kula ditindsksken kados pembantu, mboten punapa-napa. Prayogi, tujuan kula kagem manggihaken Kakang INU KERTAPATI saged katurutan. Nanging ingkang mboten kula ngerteni, mbak-mbakku ttingkahe kok aneh-aneh nggih. Wayah kula ngresiki kamare, kula manggihaken putung rokok. Kala wingi dalu, kula manggihaken botl-botol bir dhateng kamare. Dheweke ugi kerep wangsul dalu. Nanging Mbok Menah mboten ngertos masalah punika. Miturut angen-angenku, punika mesthi amargi salah pergaulan.”
K. Ijo             : ”Heh, Klenting Kuning! Simbok neng ndi?”
K. Kuning        : ”Wonten dhateng wingking, mbak.”
K. Abang        : ”Yo wis!”

Adegan III

Mbok Menah   : ”Wah, iki warta sing nyenengake! Anak-anakku... Klenting Abang... Klenting Ijo... Kabeh mrenea!”
Para Klenting  : ”Wonten punapa mbok?”
Mbok Menah   : ”Rungakan nduk, cah ayu! Iki ana pengumuman manawa Si Andhe Andhe Lumuten, eh salah! Maksudku Andhe Andhe Lumut sing gagah prakosa lagi golek bojo. Iki peluang kanggo awakmu! Ayo cepet ndang budhal! Engko pendaftarane selak tutup!”
K. Abang        : ”Inggih sampun mbok kula bidal rumiyin. Nyuwun pangestu nggih mbok...”
K. Ijo             : ”Inggih mbok, kula sisan. Mugi-mugi ingkang dipuntampi kula nggih mbok, senes Klenting Abang punika...”
K. Abang        : ”Heh! Apa wae kowe iki! Wis jelas luwih ayu aku! Body yo apikan aku! Yo wis mesti sing sing ditrima aku…”
K. Ijo             : “Body apikan kowe? Kowe kuwi yo, pantese melu kontes bocah busung lapar!”
K. Abang        : “Huh! Awas yo kowe!!!”
Mbok Menah   : “Uwis uwis… aja panggah tukaran wae. Ndang budhal kana! Yo, muga-muga wae kabeh ditrima karo Andhe Andhe Lumuten. Eh, maksudku Andhe Andhe Lumut.”
Para Klenting  : “Amin…”
K. Abang        : “ Nggih sampun mbok, Assalamu’alaikum.”
K. Ijo             : “Assalamu’alaikum…”
Mbok Menah   : “Wa’alaikumsalam…”
K. Kuning        : “Mbok, lajeng kula kados pundi?”
Mbok Menah   : ”Halah, kowe neng omah ae karo simbok! Paling-paling Andhe Andhe Lumut yo ora level karo kowe!”
(Klenting Kuning langsung mbesengut amarga ora bisa nemoni Andhe Andhe Lumut)
Mbok  Menah  : ”Huh, yo wis! Tapi sadurunge budhal, kowe kudu nganggo iki dhisik kanggo luluran neng awakmu!”
K. Kuning        : ”Punapa niki mbok? Ambetipun kok mboten eco?”
Mbok Menah   : ”Halah, iki namung lenga jelantah sing wis kecampur teléke tikus.”
K. Kuning        : ”Hah?? Naanging wonten punapa mbok? Niki kan  ambetipun mboten eco. Mangke, Andhe Andhe Lumut gila kaliyan kula.”
Mbok Menah   : ”Wis manuta wae, iki supaya  kulitmu tambah katara alus. Wis, budhal kana! Susulen mbak-mbakmu kae!”
K. Kuning        : ”Nggih sampun mbok, kula bidhal rumiyin.”
Mbok Menah   : ”Iya, ati-ati!” (karo ngguyu cekikikan)

Adegan IV

Yuyu .K           : ”Aduh...Oh, pantes wae! Pancen bokokngku kecepit supitku dhewe.” (Lajeng Yuyu Kangkang lenggah kaliyan celingak-celinguk). ”Wah, kok sepi ya? Dengaren kawit isuk nganti awan durung ana penglaris!”
K. Abang        : ”Wah, kok sepi ya? Neng endi praune?”
K. Ijo             : ”Iyu mbak, endi ya praune?”
Yuyu .K.          : ”Wah, nona-nona sing ayu-ayu iki arepmenyang endi ta iya?”
K. Ijo             : ”Wah, kaleresan wontwn Yuyu Kangkang. Yuyu Kangkang ingkang bagus, kula kaliyan mbak kula badhe nyebrang dhateng desa sabrang. Amargi kia punika badhe ngunggah-unggahi Andhe Andhe Lumut.”
Yuyu .K.          : ”Oh... arep neng Desa Dadapan. Arep nemoni Andhe Andhe Lumuten ta iya?”
K. Abang        : ”Andhe Andhe Lumut, Kang...”
Yuyu .K.          : ”Ah, podho wae! Mmm, aku gelem nyabrangake, pokoke aku dibayar 1 yuta saben uwong ta iya? Piye?”
K. Abang        : ”Waduh! Awis sanget Kang? Kula mboten gadhah nyatra sakmenten kathahe!”
Yuyu .K.          : ”Wah, lek gak gelem ya uwis,. Tak tinggal ngalih wae sampeyan.”
K. Ijo             : ”Eh...eh! Yuyu Kangkang!” (Nyedaki Yuyu Kangkang). Yuyu Kangkang, sampeyan kan bagus...sanget! kita nyuwun tulung nggih, supados dipunsabrangaken dhaten desa sabrang. Nggih sepindah-pindah gratis kan nggih mboten punapa-napa.”
Yuyu .K.          : ”Apa? Gratis? Duh...Aduh...jaman saiki uwis ora ana sing gratis dek! Sampeyan aja sakpenake ngomong ngono marang aku ya!”
(Banjur Yuyu Kangkang mikirake cara liyane)
Yuyu .K.          : ”Mmm...yak! aku duwe cara, dek!”
Para Klenting  : ”Kados pundi Kang? Kados pundi?”
Yuyu. K.          : ”Ngene carane.” (Para Klenting nyedaki Yuyu Kangkang). Sawise teka sebrang, aku kepingin disun karo sampeyan kabeh ta iya?  Piye?”
Para Klenting  : ”Hah!?!”
(sawise para Klenting rundingan)
K. Abang        : ”Ya wis... kita sedaya sarujuk. Prayogi kula kaliyan adhi kula enggal teka dhateng Desa Dadapan.”
Yuyu  .K.         : ”Oke...oke...”
(sawisa teka sabrang lan para klenting ngalih)
Yuyu .K.          : ”Wuah!! Sune nona-nona iku jan syahdu!”
(banjur Klenting Kuning teka lan Yuyu Kangkang nyedaki Klenting Kuning)
Yuyu .K.          : ”Hei...! Cah ayu! Sampeyan arep nyabrang ta iya? Wis ora ana prau neng kene, kabeh prau kelem neng dasare segara. Piye manawa tak sabrangake? Nanging kanggo bayarane sun pipi kiwa tengen, piye?”
(Sarehne Klenting Kuning ngerti manawa Yuyu Kangkang ora bakal gelem ngesun pipine amarga ambune ora enak, Klenting Kuning manut karo sing di jaluk Yuyu Kangkang).
K. Kuning        : ”Nggih sampun, kula sarujuk.”
Yuyu .K.          : ”Ya wis, saiki numpako neng gegerku.”
(sawise teka sabrang)
Yuyu .K.          : ”Duh, kanak... ambu apa iki?”
”Duh...aduh jebule sampeyan ta sing ambune ora enak. Wis ngaliha kana! Mumet aku.”
(Klenting Kuning ngguyu cekikikan)

Adegan IV

A. Lumut        : ”Mbok, kados pundi? Sampun wonten pinten lare wadon ingkang sampun daftar?”
M. Rondo        : ”Aduh...Le, simbok yo ora ngerti iki, takon wae menyang asistenmu kuwi. Aku wis bayar larang-larang Rp1.500.0000,- kok menehi informasi ora isa.”
Asisten          : ”Mbok... aja korupsi ta, bayaran kula kan namung Rp100.000,- ngendika Rp1.500.0000,- supados dikinten sugih ngoten? Menawi informasi lamaran, ngantos dinten punika sampun wonten 999 lare wadon ingkang kepingin ngunggah-unggahi juragan.”
A. Lumut        : ”Wuah...lumayan akeh ya. Ten...terus dina iki?”
Asisten          : ”Nganti detik punika, taksih dereng wwonten lare wadon ingkang sampun daftar, den.”
M. Rondo        : ”Kowe iki wis kepengin tenan ta. Yo wis sabar wae. Dienteni wae nganti akeh cah wadon ingkang sampun daftar.”
(Para Klenting teka marani Andhe Andhe Lumut)
Para Klenting  : ”Assalamu’alaikum... Assalamu’alaikum...”
M. Rondo        : ”Kana Ten, jajal delengen, palingiku bocah sing arep nglamar.”
Asisten          : ”Ya, mlebua. Mesti mbak-mbak ayu iki arep nglamar  juragan Andhe Andhe Lumut.”
K. Abang        : ”Inggih asisten, kula kaliyan adhi kula punika badhe daftar.”
Asisten          : ”Iya, iya... tapi ana syarate. Syaratipun punapa mbok?”
M. Rondo        : ”Kowe kuwi piye ta, Ten! Wong catetan wwis lengkap difoto copy, masa awakmu lali!”
Asisten          : ”Oh inggih mbok, kelingan kula sakniki.wonten dhaten sak klambi kula.”
M. Rondo        : ”Wis, ndang diwaca kana persyaratane!”
K. Ijo             : ”Tuan asisten, sampeyan aja nyamaraken kita sedaya ta. Punapa kita sedaya kirang ayu?”
Asisten          : ”Heh, aja cerewet ya! Lek ora gelem metua saka kene!”
Para Klenting  : ”Eh, inggih inggih. Kita bakal nurut dhateng sedaya syaratipun.”
Asisten          : ”Hmm, rungakna sing tenanan ya.”
Syarat ka 1       : Kuddu ayu
Syarat ka 2      : Kudu duwe swara sing endah utawa bisa nyanyi
Syarat ka 3      : Kudu melu tes kawarasan
Syarat ka 4      : Lambe kudu lengkap lan ora sumbing, artikulasi kudu jelas. Supaya manawa diapak-apakne bisa enak.
”Piye? Wis jelas syarate? Tak celuk siji-siji ya. Ka 1 Klenting Abang...”
(sawise tes)
Asisten          : ”Wayahe pengumuman!”
K. Abang        : ”Iki mesti akuu sing kepilih.”
K. Ijo             : ”Yo jelas aku lah...”
(banjur Klenting Kuning teka)
K. Kuning        : ”Kulanuwun... Kula badhe daftar.”
Asisten          : ”Mangga mangga... tapiu kaya sing liya. Mbak kudu nglakoni persyaratane. Yaiku :
Syarat ka 1       : Kuddu ayu
Syarat ka 2      : Kudu duwe swara sing endah utawa bisa nyanyi
Syarat ka 3      : Kudu melu tes kawarasan
Syarat ka 4      : Lambe kudu lengkap lan ora sumbing, artikulasi kudu jelas. Supaya manawa diapak-apakne bisa enak.
”Mbok, wonten lare wadon badhe nglamar malih. Nanging ambune benten mbok, ambune mak nyoss. Punapa simbok siap?”
M. Rondo        : ”Aduh, ambu apa iki nduk? Coba ndeleng sikilmu, paling kowe mideg telek kucing.”
”Eh, jebule nyatu ambumu sing ora enak.”
(saweise ngetes Klenting Kuning)
Asisten          : ”Wayahe pengumuman! Miturut rapat antara aku, Mbok Rondo, lan juragan Andhe Andhe Lumut, asile:
K. Abang    : saka asile tes lan uwis ketara saka fisikmu, kowe duwe penyakit cacingen.
K. Ijo        : saka asile tes, kowe kerep ngrokok lan ngombe omben.
”Dadi kesimpulane kabeh ora bisa njaga kesehatan, dadi kabeh ora bisa ditrima. Lan neng pipine ketara bekas sune Yuyu Kangkang. Klenting Kuning, saka asile tes kowe ora duwe penyakit. Dadi kowe sing dipilih dadi garwane Andhe Andhe Lumut.”

Adegan V

K. Kuning        : ”Punapa punika leres Kakang INU KERTAPATI?”
A. Lumut        : ”Iyo leres sanget. Diajeng, akhire aku bisa nemokake calon garwaku. »
K. Kuning        : ”Inggih Kakangmas.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar